Minggu, 12 Desember 2010

ATUR PAMBAGYOHARJO

ATUR PAMBAGYO HARJO

Bismillah hirohman nirohiim..
Assalamualaikum wr.wb
Para pinisepuh, sesepuh saha para tamu ingkang winengku ing suka basuki. Keparengna kula mambeng anggen panjenengan sedaya ingakang katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapa/Ibu.................                   kinen ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Minangka purwakaning atur mangga kula kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng Ngarsanaipun Gusti Allah ingkang sampun kepareng maringi kawilujengan saha kasarasan dhumateng panjenengan sedaya lan kula satemah saget hanjalari makempal silaturohmi saha paring donga pangestu dumateng penganten sekaliyan.

Para tamu ingkang winengku ing karahayon, madyaning pawiwahan ing ............ menika bapa/ibu........................         lumantar kula ngambali ngaturaken wilujeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang boten pepindhan kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardikaning panggalih.
Wondene wigatosing sedya hambok bilih panjenengan sedaya sampun ngawuningani kadas ingkang sampun sinerat wonten sedhahan, inggih menika Bapa/ibu.................           netepi darmaning asepuh mahargya suta ing ”Bayang Penganten/Pahargyan prasoja” daupipun bagus......................    putranipun kakung bapa/ibu..................           ing..............       kaliyan Rr.......................       putranipun putri bapa/ibu ingkang saking...............
Sampun kalampahan ijab wanci tabuh.....................         miturut satataning agami .......................kalajengaken panggih miturut satataning adat kanthi panayungan karaharjan tebih ing sambikala, ingkang menika panyuwuninpun bapa/ibu............... panjenengan sedaya keparenga paring jurung puja hastawapuji hastuti dumateng penganten sekaliyan anggenipun badhe sami jejodhohan gesang bebrayan mugi tansaha bagya mulya sembada ingkang sinedya cundhuk kaliyan kekudangannipun para pinisepuh ingkang sami bebesanan.

Kajawi saking menika bapa/ibu................          ugi ngaturaken panuwun ingkang  tanpa umpami, tumrap sedaya peparing pratandha sih ingkang nelakkaken agenging katresnan. Hamung bapa/ibu.............                sakulawarga ngrumaosi boten saget ngaturaken piwales menopa-menapa. Sagetipun hamung sumarah lan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah mugi hamaringana kanugrahan minangka liru ingkang langkung bobot timbang ingkang sampun panjenengan rilakaken kala wau..

Para tamu kakung saha putri inkang sinuba ing pakurmatanbapa/ibu............... sakkulawarga ing .................     hambawabi damel mawi atur-atur para priyagung, para kadang sumitra tresna , adhedhasar rancangan ingkang kaangkah sageda handamel renaning penggalih ingkang sami rawuh , suprandene dumugining damel sami dipun rumaosi tasih kathah sanget kekiranganipun buja menapa dene krama, ingkang menika tumrap sedaya kawontenan ingkang handadosaken kurang sarju minggahing cuwaning penggalih langkung-langkung klinta-klintunipun para hamung tamu hanggening ngacarani lenggahipun para priyagung sarta para tamu, kula suwun mugi keparenga hangluberaken samudragung pangaksama. Hing wasana kula nglenggana hanggen kula hamakili bapa/ibu .............          tasih tebih saking jangkeping tata basa saha subasita hawit saking menika mugiya kersa paring agunging pangaksama. Wilujeng lelenggahan sinambi hamirsani pasugatan   .....................                        .ingkang dipun suhi kang mas .....              saking ...

Wasalamu’alaikum wr.wb                

Tidak ada komentar:

Posting Komentar